Minggu, 06 Januari 2019

Tunggal dulur kudu akur


Tunggal dulur kudu akur
               Dino iki warga kampung maduran seneng banget amergo saiki wis riyoyo idul fitri tonggo tonggoku podo dolan nang omahe keluargane dewe-dewe kanggo silaturrahmi, pada uga kaya keluargaku, dulur dulurku podo dolan nang omahku. ning biasane tonggo ku saben di dolani keluargane atine bakal seneng banget tapi beda karo aku, aku ora seneng banget yen dulur dulurku dolen neng omahku, amergo aku bakal dadi wong asing neng omah, kelakuane ibu sing pilih kasih gawe gelo atiku dewek e bakal mbanggak mbanggakno dulur dulurku neng ngarepku opo mane ibu ku neng wis kumpul karo dulurku sing wedok jenenge ani dwi fenti, mbak ku ani iku luwe disenengi karo ibu ku amergi aku karo dulurku iki beda bapak, tapi aku karo mbak ku, iku pada sayang e karo bapak ku asli awet cilik, embah ku sak durunge wes mati wes pesen kaaro bapak, di kon ngramot aku awet cilik, aku luweh seneng karo wong tua ku sing lanang, ibu ku jenenge musamah ibuku teko mbak ku ani iku, kenalno jeneng ku siti machfudhotul latifah biasane aku di celok karo wong tuo ku iku fudho aku neng nak omah biasane omeng omengan karo wong tuo perkoro ibu ku luwih senengan karo mbak ku. sijine dino aku golek sekolahan amergo aku wes lulus teko smp bapak ku ngongkon aku sekolah nang sma siman jaya nanging ibuku ngongkon aku sekolah nang surabaya di sambi ngekos bapak lan ibu debat perkoro golekno aku sekolah nganti padu aku pegel saben dino ngrungokno bapak lan ibu padu akhire aku mutusno milih sekolah nang pesantren banjur aku matur nang ibu nek aku ape sekolah karo mondok nak gresik untunge aku diolehi karo mak ku mbi bapak ku sekolah nek kono atiku seneng polae aku iso mondok karo sekolah nk gresik tapi nek aku petok karo mbak ku ani aku mbi mbak ku sering padu polae mbak ku yen mbendinane nek di alem karo ibu ku neng mbak ku di tumbasno klambi senengane sing apik apik nek apan aku di tumbasno klambi karo ibuku pasti ne bedo ora koyo klambine mbak ku, tapi pek piye maneh Aku dadi anak yo kudu triman, mbasio mak ku ngunu tpi Aku tetep sayang karo dhewek’e. Mergo dhewek’e seng nglairno Aku nok dunyo iki. Opo maneh surgo iku enek nang sikil’e ibuk.
Wektu enjeng, Aku di terno Bapak ndaftar tok Pesantren. Sejatine bapakku ora tego lan khawatir Aku mondok, tapi Aku ngomong nang Bapak.
“saman mboten usah khawatir kaleh kulo Pak, kulo mondok nggeh pengen mandiri, lan lare mondok niku mesti wonten barokahe, kulo mpun ageng, Insya Allah kulo saget jogo awak, seng penteng saman jo lali nyambang ngunu bae,, “.Karo mripat katon mbrabak, bapakku ngomong
“ Nggeh nduk, sing tenang, wis pasti bapak bakal nyambangi awak mu, pesene bapak sliramu ojo nganti gawe gelo atine Kyaimu, amergo sak pengucape Kyaimu kuwi dunga kanggo awakmu “. Rasane Aku kudu nanges Bapakku ngomong ngunu, karo sworo lirih Aku njawabi.
 “nggeh, Pak”.
Mari ngono bapak banjur bali mulih. Nanging aku di terna pengurus pondok nang asrama,Oleh rong ulan aku mondok, aku wis ngroso kangen banget karo bapak tinimbang karo ibu, aku lungguh dewean nang ngarep lemari karo mbrebes mili, banjur di parani koncoku sing jenenge Putri.
“Awakmu lapo dho kok nangis ngene ?” Putri nakoni aku karo nepuk pundakku.
“aku kangen karo bapakku put”
“Owalahh.. yen kuwi yo wis biasa dirasakke karo para santri, opo maneh awakmu ligek pertama nyantri” tuturke Putri.
Aku trimo meneng, aku gak iso mandekno banyu motoku mili.
“La emange awakmu yo gak kangen ta karo ibumu ?”.
“Mbuh.. ibukku gak koyo ibuk e bocah liyane kok, dewek e kuwi pilih kasih ning anak-anak e,, dewek e luwih sayang nang mbak yuku tinimbang nang aku.” Tuturku melas.
“Hush.. gak oleh ngomong ngono.. sing jenenge ibu kuwi wis pasti sayang karo anak-anak e ora ana ibu sing pilih-pilih kuwi..”
“Nyatane ibukku kaya ngono mancene,, awak e sering mbeda-mbedana aku karo mbak yuku.”
“Paling ibumu kaya ngono kuwi amerga duwe maksud liya supaya awak mu dadi bocah sing luwih apik”
Ora tk sadari, tibak e mripatku ngeluh.. aku dadi ngrasa salah banget karo ibukku so’ale wis su’udzon karo dewek e..
Saiki dina minggu wayahe bapak nyambangi aku. Aku nganti-anti bapak teko karo ibukku, gak suwe ana bocah matur nang aku yen bapak wis teko, nanging omonganku salah,, tibak e bapakku nyambangi aku dewe an ora karo ibukku. Aku langsung marani bapakku.
“Bapak, na Ibu mboten nderek ta ?”
“Ora nak, ibumu isih akeh penggawean.”
“Yen ibu pancen sayang nang aku wis pasti di sempet-sempetna masia katah penggawean, nang niki napa, Ibu kok malah mentingna penggaweane tinimbang yogane sing wonten nang pondok.” Aku matur karo mbrebes mili.
“wis ta ndok, gak usah ngomong ngono, sing jenenge ibu kuwi wis pasti gak iso adoh teko anak e, nanging saiki mancene ibumu lagi repot banget, dadi awakmu ora usah mikir sing aneh-aneh. Yen ibumu gak sayang karo awakmu dewek e gak bakal nangis saben nyawang fotomu” Bapak matur karo neblek pundakku.
“Pak nang lapo angger-angger ibuku karo mbahku kok kyok gak seneng karo aku tinimbang karo mbak yuku iku pak, opo aku iki karo mbak ku iku seje dulur teko anak e sampean pak, angger nek di wehi duek akeh lak sering mbak yuku tinimbang aku pak.“ aku karo bingung campor mbrebes mili.
“kabeh wong tuo kui ndok mesti gak ngarah ngregeten karo anak, disekolahno kui arane seneng karo anak, njarno pinter....!!!”
“mosok aku iki kurang pinter pak...??” karo ngeyakekno bapakku
“pinter,,,! ogak e kui ogak masalah nduk....penting nomor siji kui awakmu isok njogo akhlak marang wong tuo....”
“kurang piye to pak aku....? aku lo wis manut karo sampeyan pak ...” aku karo mbantah mbantah bapakku
“mergo akhlak nomor siji sing kudu dijogo lisan ndok....!!!”
“pegel pak pikir ku.... nek ibuk pancene dino iki wes ora nduwe roso kangen nak aku ...”
Ora suwe hp ne bapak muni onok sing telpon , wes pegel rasane pikir ku ditambahi bapak ku sing wes leren mbadaki omongan ku, pengen rasa ne aku kudu mberok mberok ning ruangan iku gara gara sikape bapakku, banjur ngunu hp bapak diwenehno ning aku, tibak e sing telpon kok ibukku.
“Assalamu’alikum ....nak...”
Aku tasek meneng karo ngeringekno omongane ibukku sing nek telpon, rasane aku kudu mbrebes mili ngempet roso kangen,aku lagnsung njawab  telpone ibukku.
“wa’alaikum salam buk.....”
“anakku fudho,,,pripun nak kabare ten pondok...?”
“sae buk....teros ibuk pripun kabare ....?”
“ibuk apik....nak sampeyan gak usah mikir ibuk nggeh, sampeyan ojo telat maem, sinau sing pinter...”
“nggeh buk....buk fudho nyuwun sepuro sing katah nggeh,nek ngarai sampeyan gak nyaman kaleh fudho...!!!!”
“gak onok wong tuo. Sing ora gelem  nyepuro kesalahane anak ndok....ibuk dereng saget nyambangi sampeyan ten pondok, ibuk janji kaleh sampeyan ulan ngarep ibuk bakal nyambangi sampeyan, dogakno nggeh ndok...”
“nggeh,,,,,buk tak dongakno sampeyan sehat sampek isok nyambangi aku ning pondok..”
Mari ngunu aku diwenehi anugrah tego gusti allah, sampek aku isok mikir jero tentang pengorbanane wong tuoku,mergo wong tuo kui ora ngarah mbedak mbedakno anak, pekerjaane wong tuo kui yo mesti dikanggokno anak.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar